السلام عليكم ورحمة الله وبر كا ته
بسم الله الرحمن الرحيم
الحمد لله رب العلمين, وبه نستعين على امور
الدنيا والدين, والصلاة والسلام على اشرف المرسلين, سيدنا ومولنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين
ام بعد
Dumateng
poro sesepuh pini sepuh , poro alim ulama ingkang tansah kulo derekaken
fatwa-fatwanipun
Dumateng
poro ibu pengurus soho anggota jam’iyah miftahul jannah, wabil khusus shohibul
bait ibu........... sekeluarga ingkang kulo hormati.
Sumonggo
kito tansah ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun gusti Allah SWT,
biqoulina .................. ingkang sampun pareng pinten-pinten rahmat,
taufiq, hidayah soho inayahipun sahenggo wonten ing ndalu puniko kito sedoyo
saget makempal wonten ing dalemipun ibu.............. kanti kawontenan sehat
wal afiyat mbuten kirang setunggal punopo
Sholawat
soho salam tansah ka aturaken dhumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW,
biqoulina............................ mugi-mugi wonteng ing yaumul Qiyamah, kito sedoyo tansah pikantuk Syafaatul udzma. Amin allohumma amin
Boten
kesupen, kulo aturaken marhaban ahlan wa sahlan bi hudzurikum dumateng poro
rawuh sedoyo lan matur nuwun sanget khususipun dumateng shohibul bait ibu................
ingkang
sampun pareng panggenan lan sak ugo rampenipun.
Ibu- ibu
ingkang kulo hormati
Sumonggo
acara wonten ing dalu puniko kita milai kanti waosan ummul kitab, kanti
pangajab mugi-mugi acoro wonten ing dalu punika saged lumampah kanti lancar
mboten wonten alangan setunggal punopo.
Acara
saklajengipun inggih puniko piwaosan ayat-ayat suci Al-qur’an, ingkang badhe
dipun waosaken dening Ibu ................
Dumateng Ibu
............ wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken,
Matur nuwun,
mugi-mugi piwaosan ayat2 Al-qur’an wau saget nyafa’ati kito wonten ing yaumil qiyamah, amin Allahumma Amin
Acara
saklajengipun piwaosan syahadat soho istighfar songo dilajengaken surat Yasin
kanti sesarengan ingkang badhe dipun pimpin dining ibu..............
Dumateng Ibu
................ wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken,
Matur nuwun,
Acara
saklajengipun piwaosan tahlil soho do’a ingkang badhe dipun pimpin dining ibu..............
Dumateng Ibu
.............. wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken,
Acara
saklajengipun istirahat soho pengumuman-pengumuman...................
Ibu-ibu
ingkang kulo hormati,
wekdal
istirahat qulo raos sampun cekap. Sakderengipun acara kulo pungkasi, kulo
minangkani pranoto acoro, mbok bilih anggene kulo matur wonten kesalahan kulo
nyuwun agunging samudro pangaksami.
Sumonggo
acara wonten ing dalu puniko kita akhiri kanti waosan Asmaaul khusna
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته
Tidak ada komentar:
Posting Komentar